Welcome to my blog, enjoy reading.

Selasa, 10 November 2009

SEKOLAHKU

Anggitane : Ahmad M.S

Nalika esuk isih sepi
Kumandang ati jumangkahke sikil
Nuju papan luru ilmu
Ing pamulang-ku

Ing kana isih sepi
Dakresiki klas lan latar
Supaya resik lan asri
Sedhep dideleng mripat
Dak lakoni kanthi leganing ati

Sekolahku sung pratandha
Lan uga sasmita
Yaiki papan kanggo golek tandha
Kanggo jumangkah ing dina sesuk
Kang diantu-antu
Jalaran bakal kebak pitakonan

Sekolahku,……..
Suwe aku dheku-dheku ing ngaremu
Nyadhong eseming guru
Kang bakal medhar ngelmu
Papan kene aweh piweling
Supaya pinter nyawang kahanan
Uga bisa pitakon
Lan uga harapan

Aku ngerti sekolahku
Apa sing bisa dakwenehke ing
Sliramu……
Minangka tandha paseduluran
Ora liya…donga sing mesthi suwunke
Mring Gusti…..
Muga-muga sliranmu, tetep gelem
Nyebar ngelmu

0 komentar:

Posting Komentar